Kunci Jawaban
Apa Sing Kokngerteni Ngenani Pidhato? Kunci Jawaban Bahasa Jawa Kelas 9 Halaman 79-81 Kirtya Basa
Mugi-mugi samangke sageda lulus kanthi biji ingkang sae sarta sageda katampi wonten sekolah ingkang dipunkajengaken. Ukara iku ana ing perangan
TRIBUNAMBON.COM - Kunci jawaban Bahasa Jawa Kirtya Basa kelas 9 halaman 79, 80, 81.
Uji Kompetensi wulangan 3
A. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi milih wangsulan sing bener!
1. Perangane pidhato kang ngandharake pangucap syukur lan panuwun marang Gusti Kang Maha Agung, diarani ....
a. Salam Pambuka
b. Purwaka
c. Isi
d. Pangarep-arep
Jawaban: B
2. Mugi-mugi samangke sageda lulus kanthi biji ingkang sae sarta sageda katampi wonten sekolah ingkang dipunkajengaken. Ukara iku ana ing perangan pidhato pepisahan sekolah, mapan ana ing perangan … .
a. Panutup
b. Pangarep-arep
c. Wigatining pidhato
d. Purwaka
Jawaban: B
Baca juga: Kunci Jawaban IPA Kelas 7 Halaman 10 Kurikulum Merdeka, Mari Uji Kemampuan Kalian: Laboratorium IPA
Baca juga: Kunci Jawaban IPA Kelas 7 Halaman 6 Kurikulum Merdeka: Hakikat Ilmu Sains dan Metode Ilmiah
Baca juga: Kunci Jawaban Bahasa Indonesia Kelas 9 Halaman 175 Kurikulum Merdeka: Menyimak Lagu Negeriku
Baca juga: Apa Saja yang Bisa Dilakukan untuk Jaga Kelestarian Tanah? Kunci Jawaban IPA Kelas 9 Halaman 176
3. Pidhato kang kudu ditindakake kanthi maca teks lan ora kena uwal saka teks kasebut, diarani pidhato ….
a. resmi
b. ora resmi
c. setengah resmi
d. guyonan
Jawaban: A
4. Bokmenawi atur kula wonten cicir cewet kuciwanipun, kula nyuwun agunging pangaksama. Wijang wijiling wicara panjenenganipun Rama Sudira kang pindha pinandhita paring sesuluh seserepan dhumateng risang temanten kekalih. Gumarenggeng ambrengengeng kadya sasra bremana ingkang mider hangupeng puspita, hanenggih punika rata kencana ingkang tinitihan dening putra calon penganten kakung ingkang sampun manjing gapuraning plataran.
Pethikan ing dhuwur iku pethikan pangandikane wong kang lagi ngayahi … .
a. pranatacara
b. pidhato
c. ceramah agama
d. pahargyan
Jawaban: A
5. Basa kang digunakake dening pranatacara/pambyawara ana ing adicara penganten asring nggunakake basa kang arang digawe ana ing bebrayan. Basa mau kepenak dirungokake sarta endah, basa kang kaya mangkono mau diarani basa ….
a. basa krama inggil
b. basa ngoko alus
c. basa mataraman
d. basa rinengga
Jawaban: D
6. Wus tinata titi tataning gati, nun inggih putra temanten kakung sampun jumeneng wonten sangajenging wiwara kepareng badhe hanetebi upacara pasrah temanten. Tembung jumeneng ana ing ukara iku nduweni teges ….
a. sumadya
b. lungguh
c. ngadeg
d. mlaku
Jawaban: C
7. Binarung swaraning gangsa ingkang hangrangin hambabar ladrang wilujeng, kawistingal jengkaring putra temanten kakung saking wisma palereman. Tembung gangsa ana ing ukara iku nduweni teges ….
a. panganan
b. manuk
c. gamelan
d. jago kluruk
Jawaban: C
8. Wasana namung samanten atur kula minangka sesulih rencangrencang kelas IX sedaya, mbok bilih wonten galap-gangsuling saha benceng cewenging atur, kula tansah nyuwun lumunturing samodra sih pangaksami. Nuwun Ukara ing dhuwur iku pethikan saka pidhato kang kagolong ana ing perangan ….
a. salam pambuka
b. purwaka
c. pangarep-arep
d. Panutup
Jawaban: D
9. Nyuwun donga pangestu marang para rawuh/tamu supaya apa kang dadi gegayuhane bisa kaleksanan iku kalebu ing perangan ….
a. salam pambuka
b. purwaka
c. pangarep-arep
d. Panutup
Jawaban: C
10. Ing ngisor iki mujudake perangane purwaka ana ing pakaryane pranatacara/pambyawara, kejaba ….
a. Ngaturake reroncening adicara
b. Asung pakurmatan marang para tamu.
c. Njaluk pangapura tumrap sakabehing kekurangan sarta kaluputan anggone nindakake jejibahan.
d. Muji syukur marang ngarsaning Gusti Kang Murbeng Dumadi.
Jawaban: C
B. Pitakon-pitakon ing ngisor iki wangsulana sing patitis!
1. Apa sing kokngerteni ngenani pidhato?
Jawaban:
Pidhato yaiku omongan utawa ucapan sing ditata kanthi apik lan diomongke marang wong liya. Pidhato uga bisa duwe teges lelaku uwong kang lagi menehi informasi utawa ajakan kanggo uwong uwong kang ngrungokakke supaya ngelakkoke apa sing diomongke marang uwong sing lagi pidhato mau. Pidhato uga bisa diarani sesorah utawa tanggap wacana.
2. Apa sing kokngerteni ngenani pranatacara?
Jawaban:
Pranata cara yaiku paraga utawa wong kang nduweni tugas kanggo nata lan nglantarake suatu acara utawa adicara. Pranata cara uga dikenal Master of Ceremony utawa MC, pembawa acara pranata adicara, pambiwara, paniti laksita, lan akeh sebutan liya.
3. Apa bedane antarane pidhato karo pranatacara?
Jawaban:
Pranata cara yaiku paraga utawa wong kang nduweni tugas kanggo nata lan nglantarake suatu acara utawa adicara. Pranata cara uga dikenal Master of Ceremony utawa MC, pembawa acara pranata adicara, pambiwara, paniti laksita, lan akeh sebutan liya. Pidhato yaiku omongan utawa ucapan sing ditata kanthi apik lan diomongke marang wong liya. Pidhato uga bisa duwe teges lelaku uwong kang lagi menehi informasi utawa ajakan kanggo uwong uwong kang ngrungokakke supaya ngelakkoke apa sing diomongke marang uwong sing lagi pidhato mau. Pidhato uga bisa diarani sesorah utawa tanggap wacana.
4. Ukara punggelan saka ngendikane pranatacara ing ngisor iki owahana dadi basa padinan kang kokanggo!
Binarung swaraning pradangga hangrangin hambabar ketawang Puspawarna, ana ganda hangambar arum katiyubing samirana.
Jawaban:
“binarung sawarning pradangga” basa padinane yaiku “kairing swaraning gamelan.”
"hangrangin hambabar ketawang puspawarna” basa padinane yaiku “sayup krungu nggaung ing angkasa/langit”.
”ana ganda hangambar arum katiyubing samirana” basa padinane yaiku “ana ambu wangi sing kegawa angin”.
Dadi ukara kabeh mau yaiku katentreman ati kang digambarake kanthi swara gamelan lan ambu sing wangi
5.Tulisen nganggo aksara Jawa kanthi migatekake tata tulis aksara Jawa!
Awrat sejatosipun kula pepisahan nilaraken pawiyatan punika, nilaraken adhik-adhik kelas kula ingkang sampun kula anggep kados dene sadherek piyambak. Nanging kados pundi malih, jer kula panjenegan sadaya namung titah sawantah mboten kuwawi nyelaki pepesthening Gusti Ingkang Maha Kuwaos

Jawaban:
*) Disclaimer:
Artikel ini hanya ditujukan kepada orang tua untuk memandu proses belajar anak.
Sebelum melihat kunci jawaban ini, siswa harus terlebih dahulu menjawabnya sendiri, setelah itu gunakan artikel ini untuk membandingkan hasil pekerjaan siswa.
(Tribunnews.com/Yunita Rahmayanti)
Artikel lain terkait Kunci Jawaban
Artikel ini telah tayang di Tribunnews.com dengan judul Kunci Jawaban Bahasa Jawa Kelas 9 Halaman 79-81 Kirtya Basa, Uji Kompetensi 3
Kunci Jawaban IPA Kelas 9 Halaman 176
Kunci Jawaban IPA Kelas 10 Halaman 90 Kurikulum Me
Kunci Jawaban Geografi
kunci jawaban
Kunci Jawaban IPA Kelas 7 Halaman 10 Kurikulum Merdeka, Mari Uji Kemampuan Kalian: Laboratorium IPA |
![]() |
---|
Kunci Jawaban IPA Kelas 7 Halaman 6 Kurikulum Merdeka: Hakikat Ilmu Sains dan Metode Ilmiah |
![]() |
---|
Kunci Jawaban Bahasa Indonesia Kelas 9 Halaman 167 Kurikulum Merdeka Tabel 6.2: Mengejar Cita-cita |
![]() |
---|
Kunci Jawaban Bahasa Indonesia Kelas 9 Halaman 169 Kurikulum Merdeka: Menjadi Remaja Bahagia |
![]() |
---|
Kunci Jawaban Bahasa Indonesia Kelas 9 Halaman 77 Kurikulum Merdeka: Membedakan Fakta, Opini, Asumsi |
![]() |
---|
Isi komentar sepenuhnya adalah tanggung jawab pengguna dan diatur dalam UU ITE.